Jawamu Piye

Kecap, Ngecap: Tragedi pada Pendengaranku Selama Ini

Kali ini saya ingin bercerita tentang penderitaan batin yang selama ini saya pendam sendiri, dalam sunyi, dan yang cukup menggelitik dalam pikiran saya di beberapa hari belakangan ini. Hal-hal yang menjadi sumber kegundahan saya ini seolah memecah kesunyian disaat fokus mengerjakan sesuatu. Ceritanya begini, suatu waktu saya sedang fokus untuk menulis sebuah konten yang akan segera diunggah. Deadline mepet, dan konten ini merupakan konten yang based on trend, dan tidak masuk ke dalam kalender konten mingguan yang sebelumnya saya buat. Ditengah kesunyian ruang kerja mezanine berukuran cukup sempit, ya kira-kira ukuranya 5 meter kali 4 meter dan juga berisi 4 orang didalamnya, menyeruak aroma nasi bungkus yang dibuka oleh kawan kerja saya. Dalam sekejap aroma tersebut menyebar seiring dengan hembusan udara segar AC yang ada diruangan. Dan yap, jantung saya mulai berdegup kencang, seolah ada trauma yang sedang mengganggu fokus saya. Kawan saya, bisa kita sebut dia dengan Kijang, tentu ini...

Baca selengkapnya →
Pangkur Enggres See You Bloom
Tembang Nganggur

Pangkur Enggres See You Bloom

I glanced upon my screen today, I see your world is bright without grief within, A lighter grace I never knew. My past deeds begin to scar, Yet heart-felt joy returns to see your smile so true, Just like the day you caught my glance, To see you bloom is sweet to me.

Baca selengkapnya →
Rebo Legi Januari
Gurit Mak Crit

Rebo Legi Januari

Nalikane gendhing kemanak tumekeng pungkas, pratandhane anggonku manekung mring kang Maha Welas, uga tumekeng pungkas. Wengi kuwi, malem rebo legi Apa kang dadi panggrahitaku sajak kasunyatan yayi Keh godha ngrencana kang njiret lakuning rasa jati. Tejamu ing panduluku, Sajak ngemot tembung kang tan kuwawa kok untabke marang aku. Sejatine aku krasa apa sing kok rasa, Karep atiku kowe bisa kandha, Manguntabake rasa kang durung cetha. Nalikane netramu kembeng kebak ing waspa, Dak wurungake apa kang dadi krenteging dada Sejatine rasa, amung aku lan sliramu kang ngalakoni, dudu wong liya yayi.

Baca selengkapnya →
Pangkur Tresna Satuhu
Tembang Nganggur

Pangkur Tresna Satuhu

Gebyaring lintang ing tawang Tan bisa anglipur rujiting galih Ambabar tresna satuhu Prandene mung meminta Dhuh kusuma kapan badhar keng kuncup Hanjrah angebekki nala Pindhaning kartikeng ratri Amung kuwawa sumarah Andedunga mring ngarsanipun Gusti Panguntabing rasa tuhu Meminta mring Hyang Sukma Muga paring usada sajroning kalbu Kang tumunjem jroning manah Gya badhar lungiding kori

Baca selengkapnya →
Mendhung Tengah Sendhung
Gurit Mak Crit

Mendhung Tengah Sendhung

Banyu ginawa mendhung angalun katut angin satengahing sendhung Hawa gumanti adhem surya sumunu sareh lerem Pangrasaku apa wus kok tampa dhi? Layang kang dak titipake udan apa wus kok waca yayi? Samangsane udan angebaki pandulu Pangajabku mring Hyang Maha Asih Mugya enggal paring sasmita ing waradaningong

Baca selengkapnya →
Aluming Wijayasari
Gurit Mak Crit

Aluming Wijayasari

Jam telu… Tumilinging surya mangulon Netramu… katon kebak ing pasemon Alum… Sliramu katon sayah Pindhaning wijayasari garing aneng lemah Wutahna rasamu… luberna kabeh pangrasamu marang aku… Suntakna kang dadi susahmu… marang aku Sejatine ora arep ngungkuli Dewa kang paring pepadhang mring pra janma Nanging… amung bebuncen rasa sejati Muga Wijayasari enggala hangganda wangi kaya wingi uni. Gedhog, 28 Oktober 2021

Baca selengkapnya →
Layangan
Gurit Mak Crit

Layangan

Serenge srengenge wanci sore Nglawung adhem jroning ketiga Mapag endahing swara sendharenmu rawat-rawat angalun ing awang sih kidul mangulon Layangan, Geneya kowe anglayung ing layung? Apa iki sasmitamu? Apa merga angin wis suda? Apa aku kang salah mangsa? Katone, Angin tan saguh nyangga solahmu aneng awang, Tali kang dak sindhet ing gocimu, alon dak gulung nrimah ing wayah. Mugya angin sore ing liya dina, paring prayoga ing wakmami. Gedog, 10/09/21

Baca selengkapnya →
Memuat artikel...