← Kembali ke beranda Gurit Mak Crit

Aluming Wijayasari

Aluming Wijayasari

Jam telu…
Tumilinging surya mangulon

Netramu…
katon kebak ing pasemon

Alum…
Sliramu katon sayah
Pindhaning wijayasari garing aneng lemah

Wutahna rasamu…
luberna kabeh pangrasamu marang aku…
Suntakna kang dadi susahmu…
marang aku

Sejatine ora arep ngungkuli Dewa
kang paring pepadhang mring pra janma
Nanging…
amung bebuncen rasa sejati

Muga Wijayasari
enggala hangganda wangi
kaya wingi uni.

Gedhog, 28 Oktober 2021



Memuat artikel...