← Kembali ke beranda Gurit Mak Crit

Layangan

Layangan

Serenge srengenge wanci sore
Nglawung adhem jroning ketiga
Mapag endahing swara sendharenmu
rawat-rawat angalun ing awang sih kidul mangulon

Layangan,
Geneya kowe anglayung ing layung?
Apa iki sasmitamu?
Apa merga angin wis suda?
Apa aku kang salah mangsa?

Katone,

Angin tan saguh
nyangga solahmu aneng awang,
Tali kang dak sindhet ing gocimu,
alon dak gulung nrimah ing wayah.

Mugya angin sore ing liya dina,
paring prayoga ing wakmami.

Gedog, 10/09/21





Memuat artikel...