← Kembali ke beranda Tembang Nganggur

Pangkur Tresna Satuhu

Pangkur Tresna Satuhu

Gebyaring lintang ing tawang
Tan bisa anglipur rujiting galih
Ambabar tresna satuhu
Prandene mung meminta
Dhuh kusuma kapan badhar keng kuncup
Hanjrah angebekki nala
Pindhaning kartikeng ratri

Amung kuwawa sumarah
Andedunga mring ngarsanipun Gusti
Panguntabing rasa tuhu
Meminta mring Hyang Sukma
Muga paring usada sajroning kalbu
Kang tumunjem jroning manah
Gya badhar lungiding kori




Memuat artikel...