Mendhung Tengah Sendhung
Banyu ginawa mendhung
angalun katut angin satengahing sendhung
angalun katut angin satengahing sendhung
Hawa gumanti adhem
surya sumunu sareh lerem
Pangrasaku apa wus kok tampa dhi?
Layang kang dak titipake udan apa wus kok waca yayi?
Samangsane udan angebaki pandulu
Pangajabku mring Hyang Maha Asih
Mugya enggal paring sasmita
ing waradaningong
