Rebo Legi Januari
Nalikane gendhing kemanak tumekeng pungkas,
pratandhane anggonku manekung mring kang Maha Welas, uga tumekeng pungkas.
Wengi kuwi, malem rebo legi
Apa kang dadi panggrahitaku sajak kasunyatan yayi
Keh godha ngrencana kang njiret lakuning rasa jati.
Tejamu ing panduluku,
Sajak ngemot tembung kang tan kuwawa kok untabke marang aku.
Sejatine aku krasa apa sing kok rasa,
Karep atiku kowe bisa kandha,
Manguntabake rasa kang durung cetha.
Nalikane netramu kembeng kebak ing waspa,
Dak wurungake apa kang dadi krenteging dada
Sejatine rasa, amung aku lan sliramu kang ngalakoni,
dudu wong liya yayi.
