← Kembali ke beranda Gurit Mak Crit

Kewanungsan

Kewanungsan

Hawa sumilir njejet ing wanci panas,
Nyangking nepsu durjana brangas,
Sajroning sasi kang kaping telulas.

Aku manungsa riptaning Hyang,
Hahaha! Aku Manungsa! Aku uga nyawang!
Lakuning bawana wung sungsang.

Gumregah sang aditya lerem,
iki wus wanci sore kok malih adhem?
Adhem iki ndadekake tan saya ora jenjem.

Swara gembrudug,
baonge si ngambra-wara,
yen dak sawang kuwi dudu lumrahe kewan,
ning kok kaya mangkono
yen pancen kuwi sejatine manungsa?

Rebut papan, rebut sandhang, rebutan pangan!
nanging elokke kahanan isih ana kang pasrah tan sumarah tanpa upaya nrima ing pandum.
Apa kuwi sejatine manungsa kang sumarah Gusti?

Swarane jangkrik lan asu pan dadi pratandha.
Yen iki mau amung neng sajroning ngimpi.
Sajroning angslupe netra, kaya-kaya dadi nyata. 



Memuat artikel...