Cenggeret Sore Karet
Cenggeret wus nyuwara kerat-keret
Keprungu saka tengahing kebonan karet
Prasaku iki isih awan,
Apa bener yen sore wis tekan?
Saya suwe hawa wus malih njejet
Sajak njiret laku kang kasrimped-srimped
Lembyaning wit kang tumelung neng dalan
Sajak nyampluk ngelingake, yen sore
isih aneng awang-awang
Patirtan Laweyan Gandusari, Blitar.
30 Januari 2020
